Rabu, 15 Mei 2013

Jago panjalu



Kukuruyuuuuuukkk……….. kukuruyuuuuukkkk…………….
Swara jago padha sesautan sajak nggugah titah kang isih énak kepénak. Dasar hawané rada adem, dadi énak yen menawa awaké dikemuli slimut. Jago panjalu wis tangi watara ngarepké subuh mau. Sang jago mau mangerti Manawa ing dina iki déwéké kudu nindhakaké pegawéan, yaiku nggugah lan ngelingaké kabéh titah Manawa dina bakal gumanti padhang. Babon-babon uga terus padha ngelèkkè mripat. Kruk-kruk-kruk.. babon pitik nggugah anakè kang isih kangeten ndhesel ing kèléking swiwi baboné. Anaké pada nyauri piyèk-piyèk-piyèk, “wah wis èsuk ta iki…..” gunemè temurun mau.
Esuk umun-umun, dina peteng repet-repet. Katon iring wètan ono werno semburat koyo semongko sinigar. Soyo suwè saya cetho, semongko sinigar mau dadi abang , rasanè anget semlenget luwih anget katimbang kemul slimut ing bengi iki. Hawa seger mrambat plong ing bolonganing irung dadia meger-meger.
“Wela dalahhh….” Aku mak grigap tangi krungu ana swara lawang digedor ping bola-bali. Nadyan isih kabotan tlapukan mripat iki, aku kepeksa tangi. “Sapa ta èsuk-èsuk wis ndhodhak-ndhodhok nggedhori lawang omah ki ?” gunemku grundhelan mbari ngangkat tangan sakawaku. Rada ngethuk aku jumangkah tumuju ing asaling swara mau. Lawang terus tak buka alon-alon. “Kowè to thuk…”pitakonku marang pitik sing ana ngarepan lawang. Wis dadi padatan saben dina si jago panjalu, babon pitik karo temurunè pada njaluk sarapan èsuk. Gagè aku mlebu omah njupuk cething isi sega wadhang turahanè genduren wingi sorè. Wah peneran, dasar seganè rada anyep kena nggo pakan  pitik. Pitikè nganti ora sabar terus nututi aku mlebu omah. Ngerti aku nyangking cething, terus pating klabruk, nglunjaki cething sing dak gawa.
Karo rebutan, malah ana sing mendheli kancane dhèwè merga pengin oleh pangan sing akéh.
Aku matur nuwun banget amarga jago panjalu wis nggugah aku, malah luwih saka iku. Aku di ajari kudu duwe semagat ora wegah, seko ora wegah tangi esuk terus makaryo luru tègeling kètèl sing ora tau kebak…..


welingé Simbah:
putu angger…. Menungsa ngono diwajibaké makaryo.
Ngudi ngèlmu kanggo  genepping jiwa lan srana.
Mula aja nganti kalah karo tangining si blorok.
Fr. Ans
Padeprokan Karsa Jati.COM

Tidak ada komentar:

Posting Komentar